Thursday, November 26, 2009

Bodo Idul Adha

          Wah... bodo bodo ngene iki jan jane penak'e nyate nyate po nongseng po gawe gule, yo to... he... tapi sayange bodo idul adha taon iki ora iso kurban, dadi yo mbuh iso nyate nyate po ora... yo mugo mugo wae entuk kiriman seko mesjid... he...
Bodo taon iki rasane bedo... ora rame.. mbuh kenopo seko solat id neng lapangan kopertis mau kok meng sithik. po do wedi kudanan po yo...??? padal
isuk mau cerah banget, langite warna biru padhang. opo mergane podo mileh lapangan sijine po yo seng luweh iyup? jan, encen rodo kepiye piye yoan... nek menurutku ki yo wajar nek do mileh seng iyup, yo mungkin mergo panas kuwi mau, karo meneh jarak'e lapangan kopertis seng tak nggo solat kuwi karo lapangan seng iyup kuwi mau mung cerak banget, meng keletan dalan tok.
wah... wah... wah...

          Oh iyo, bodo idul adha iki pas dino jum'at. Jarene nek seng wong lanang ki wes solat id ra jum'atan ki ra popo tapi tetep kudu solat luhur nggo gantine jum'atan tapi nek mau ra melu solat id ki tetep wajib jum'atan. nah jan jane ki yo luweh apik meneh tetep jum'atan mbok arepo mau wes melu solat id. yo to...???
neng ojo dumeh wes do melu solat id kok njur ora nganakne solat jum'at !! jenenge yo ora bener kuwi... mbok arepo wes do solat id isuk mau ki yo tetep kudu nganakne solat jum'at, sopo ngerti ono uwong seng isuk mau ra sempet solat id. yo to...???

          wes, pokok'e dino iki karo 3 dino bar iki dinggo pesto wae... pesto daging kurban mau. loh kenopo kok nggo pesto...??? masalae dino iki tanggal 10 dzulhijah karo tanggal 11, 12, 13 dzulhijah ora keno/ora oleh nggo poso mergane dino kuwi dino tasrik. dadi ra popo mangan mangan tapi ojo lali karo wong liyo seng luweh mbutuhke. dekne yo berhak entok daging kurban mergane kan wong kuwi ora mbendino iso mangan enak. terus nek daging bagiane dewe wes mateng, ojo nganti daging kuwi kebuang mergo turah. ora ilok nek le muni wong tuwo tuwo... mending nek koyone kakean yo luweh apik di ter terne neng tanggane... sisan bagi bagi  seneng neng tangga tanggane.... wes ngono entuk pahala meneh... yo to...???

          yo wes lah, cukup semene wae... iki wes arep jam sewelas, arep siap siap jum'atan. nek iseh ono kesempatan meneh tak nulis neng blog iki meneh... oh yo... matur nuwun wes mampir neng blog iki... selamat idul adha kanggo kabeh seng ngrayakne... mugo mugo rejeki lancar kanggo kowe kowe kabeh lan kesehatan tetep ono terus neng kowe kowe kabeh... "Amin...!!!"

No comments:

Post a Comment